Kearifan Lokal - Nyekar Di Pasarean Sultan Agung Hanyokrokusomo Di Imogiri

FASTER86.COM - Kearifan Lokal - Nyekar Di Pasarean Sultan Agung Hanyokrokusomo Di Imogiri Kagem masyarakat Ngayogyakarta Hadiningrat, mesti sami mangertos kalian Sultan Agung Hanyokro Kusumo. Inggih,panjenenganipun ingkang mandegani lahiripun Kerajaan Mataram Islam Ngayogyakarta. 

Panjenenganipun di paringi kasekten ingkang misuwur lan kondang sak Nuswantara. Ngantos sakmenika kraton Ngayogyakarta terkanilpun amarga usahinupun Sultan Agung. Menika wau pinangka awaling atur,saklajengipun kulo badhe cerita pas kulo lan rencang kulo nyekar wonten ing makamipun Sultan Agung Hanyokrousumo, ingkang pasareanipun wonten ing makan raja raja Imogiri Bantul Yogyakarta. 

Mbokbilih menawi panjenengan dereng nate mriko,menika runtutaming kegiatan wonten ing makam raja imogiri. Anaming langkah-langkahipun inggih punika :


1. Minggah wonten ing makam raja imogiri mekdal undak undakan
Miturut mitos ingkang beredar wonten ing makam raja imogiri,nek panjenengan saget tepat ngitung jumlahipun undak undakan,menapa ingkang panjenengan kersaaken saget dados kasunyatan. Nanging sedoyo wau tansah dipun kaserahakaen dumateng Gusti Alloh SWT.

2. Mlebet pendhopo tamu wonten ing sak ngandapipun pasarean
Nah langkah saklajengipun inggih punika,tumuju wonten ing pendhopo. Wonten pendhopo sampun wonten abdi dalem ingkang ngarahaken kita samangkeh.

3. Gantos klambi jawa,ingkang setri kemben,ingkang jaler ngagem surjan
Nah niki syaratipun badhe nyekar wonten ing makam Sultan Agung. Kita dipun suwun gantos busana jawa ingkang sampun dipun sedyaaken kalian abdi dalem. 

4. Pengarahan saking abdi dalem
Nah sakderengipun mangkeh nyekar,kita dipun arahaken kalian abdi dalem. Bilih arah arahanipun inggih punika,mangkeh pas nyekar nyenyuwunipun mboten kalian sultan agung,nanging ndedonga nyuwun berkahing Gusti Allah SWT. Lajengipun mangkeh wonten ing cungkupuipun,kita dilarang ngendikan saru lan mikir ingkang awon.

5. minggah wonten ing cungkupipun Kanjeng Sultan Agung
Langkah sakajengipun inggih punika,mlebet wonten ing cungkupipun kanjeng Sultan. Wonten cungkupipun sampun wonten abdi dalem. Nah mangkeh kita dipunarahaken kalian abdi dalem.

Nah menika rantaming turutanipun nyekar wonten pasareanipun Kanjeng Sultan,intinipun mbok menawi panjenegan saget tindak mrika,ndendonganipun kalian Gusti Allah SWT,kanjeng Sultan Menika minangka lantataran. Mugi kita saget melestarikan tradisi nyekar punika.
Tag : TRADISI JAWA
Back To Top