Sugeng Sonten..
Pripun kabaripun sedoyo.
Mugi tansah rahayu mboten wonten alangan punopo.
Menika salahsatunggalipun conto mbok menawi mbenjang dados atur pambagya wonten acara penganten.
Assalamualaikum.wr.wb
Karahayon,
katentreman, kawilujengan miwah kamulyan mugi tansah anumrapa dumateng
kawula dalah panjenengan sami. Dumateng panjenenganipun sesepuh
pinisepuh ingkang tansah dahat kina bekten, dumateng sedaya ingkang sami
rawuh ingkang kawula mulyaaken. Nuwun keparenga ing mriki kawula
minangka talanging atur saking panjenenganipun Bapak saha Ibu Sunaryo
bade ngaturaken sedaya punapa ingkang dados penggalihing manah.
Sepisan
Bapak saha Ibu Sunaryo ngonjukaken puja-puji syukur ing ngarsanipun
Gusti ingkang Maha Asih, karana saking sih rahmatipun ingkang sampun
kaluberaken dumateng kawula dalah panjenengan sami. Kaping kalihipun,
Bapak Sunaryo sarimbit ngaturaken pambagya wilujeng basuki menggah rawuh
panjenengan sami, wonten ing tirakatan sepekenan putranipun ing dalu
punika. Bapak Sunaryo sekaliyan mboten kasupen ngaturaken agenging
panuwun, awit saking peparing panjenengan sih pisumbang ingkang awujut
punapa kemawon. Sedaya punika mboten saged caos piwales punapa-punapa,
sagedipun namung memuji dumateng ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha
Asih, mugi sedaya pikantukan leliru saha sih nugrahaning Gusti ingkang
Maha Asih.
Mugi
ndadosna kawunigan, bilih rikala dinten Kamis tgl 20 april 2009, Bapak
saha Ibu Sunaryo sampun nampi kanugrahan ingkang tanpa pepindhan saking
Gusti ingkang Maha Asih, awit kaparingan momongan mijil estri, ingkang
sampun pinaringan tetenger asma sesilih Retno Pujiastuti, mugi-mugi
jabang bayi sarta ibunipun wilujeng nir ing sambekala,. Awit saking
punika, Bapak saha Ibu Sunaryo nyuwun dumateng panjenengan sedaya, kersa
paring pangestu dhumateng putranipun, murih saged dewasa dadosa tiayang
ingkang trapsila, saha bekti dumatheng pinisepuh, migunani tumrap
Bangsa, agami, sarta dadosa tepa tuladha kagem sadaya.
Minangka
kagem pemut ingkang calak sesambetanipun kaliyan wekdal punika
kaparenga kawula bade ngaturaken tembang mijil, sanadyan mboten sekeca
anangin mugia ngrenani ing penggalih.
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur
Kudu andap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur
Tartamtu
wonten babagan ingkang saged ndadosaken kuciwaning penggalih, utawi
kirang sekeca anggenipun sami lelenggahan, Bapak Sunaryo sagotrah tansah
nyuwun agunging pangapunten, saha kawula pribadi tartamtu anggen kawula
matur kirang jangkep saha kirang susila anggen kawula ngrakit basa,
kawula namung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Ing wasana semanten atur kawula
Wasalamualaikum,wrwb.
Tag :
TRADISI JAWA